eva widya p / 12 /XII IPS 3
Febby ingga m.r. / 13 / XII IPS
3
“DHUDHA PENGIN RABI RANDHA”
Anggone ndhudha Pakdhe Karmun
pancen wis suwe. Anak papat kabeh wis mentas lan wis duwe omah dhewe-dhewe.
Putu gemrayah. Saliyane duwe omah sing dipanggoni, isih duwe telu maneh. Kabeh
dikontrakake. Saben wulan nampa pensiun. Yen mung trima disandhang lan dipangan
kepara turah-turah. Uripe katon ayem tentrem. Mula, bareng gawe ada-ada kepengin
omah-omah maneh, akeh sing kaget, setengahe ora ngandel. Wong wis nyidham
trebela,kok ndadak neka-neka. Kok ora setaun utawa rong taun sageblage sing
wedok ndhisik.
Nanging ya ana maneh sing ngarani yen kuwi geguyahan
lumrah. Isih urip, isih duwe akal. Mripat isih bisa mbedakake sing ayu karo
sing setengah ayu, malah karo sing ora ayu babar pisan. Kala-kala isih ngulu
idu yen nyawang bokong gedhe. Sikil isih bisa dienggo nepang. Untu isih kuwat
dienggo mbukak tutupe botol bir. Ananen ndhudha nganti suwe kuwi menawa wae
pancen mbetah-mbetahake ngiras ngeteni anak-anak supaya mentas dhisik.
Pawatane sing arep nglakoni uga tinemu nalar, kepengin
duwe rewang grenang-greneng yen tengah wengi. Jalaran nonton televisi ijen
terus-terusan wis jeleh. Ngrungokake lagu lan gendhing tanpa ana sing ngancani
ya rumangsa wis waleh. Kejaba kuwi uga ana sing mijeti yen sayah, ana sing
ngeroki yen semangsa- mangsa masuk angin. Lan ana sing diajak tetimbangan
ngudhari ruwete pikiran.
Karo maneh wong wadon sing dikarepake iku dudu sing
isih prawan thir, sing isih
kinyis-kinyis. Yen ngono kuwi, pancen bisa diarani ora nyebut. Ora ngilo. Sing
digoleki kuwi warandha setengah tuwa, sing ora duwe anak, jalaran yen duwe anak
ing tembe malah nuwuhake brahala. Uga ora bakal duwe anak maneh. Mundhak diguyu
pitik. Bab bibit bobot, lan bebet,ora dikatut-katutake minangka tetimbangan.
Bu Siti sing
kerep dijak rasan-rasan, banjur kelingan Setiani. Dudu kanca kenthel, mung
kenalan biasa sing kala-kala ketemu ing kiose Bu Lastri yen mbarengi nggolek
kain. Ngakune warandha, umur ngancik seket siji taun. Ora duwe anak. Mripate blalak-blalak.
Dedeg-piadeg lan bobote awak ketoke selaras banget. Jroning batin Bu Siti
ngalembana yen Setiani kuwi ayu.
Dilambari gegambaran kaya mengkono kuwi, Pakdhe Karmun
banjur klecam-klecem. Ati lanange banjur kumrengseng kepengin adu arep. Rada beda
karo Setiani dhewe, bareng dijarwani yen ana dhudha golek randha, dheweke mung
mancep,kaya-kaya ora butuh. Nanging bareng digathukake kok malah semrinthil
ndhisiki.
Janjine mungkur surup, nanging lagi setengah ebem
jebul wis ngonthang-nganthing ing ngarep rumah makan pasaduluran. Lan Bu Siti
rada njomblak, weruh Setiani sing babar pisan ora nggambarake marang wanita
prasaja, sing umure wis ngantik ndhas lima, dandanane malah ngalah-ngalahi arek
enom jaman saiki. Ora kaya Setiani sing ketemu ing pasar kae. Kaose abang biru
ngapret, tanpa lengen, malah kepara kaya kemben. Wudel lan lempenge dipamerake.
Ngisoran jins biru uga ngapret, dhuwure ngliwati dhengkul. Lambe lan pipine
diabang-abang, alise dikerik, diganti potlotan. Tlapukan mripat direnggani krelap-krelip,
kaya penyanyi sing arep manggung. Rambute
diumbar pating krembyah.
Geseh adoh karo Pakdhe Karmun sing wis nglenggan yen
tuwa lan wis putu-putu. Hem klawu lengen dawa, clana ireng dhongker, sepatu
ireng gilap. Rambut senajan wis nyambel wijen katone klimis.
Sawise wong loro tepungan lan lungguh adhep-adhepan,
Bu Siti pamit arep tuku resliting.
“ Ndhisik kono
kepala juru bayar, ta?!” Setiani ndhisik omong. Pakdhe Karmun njola. Lagi
ketemu sepisan kok wis wani nungkak krama, kathik swarane banter. Pakdhe Karmun
ngrundelan jroning batine.
“Ya ta ?”
“Kok ngerti?”
“Kartune kono wis ana tanganku!” semambune Setiani.
Pakdhe Karmun mecucu sawise unjal ambegan. Apa Bu Siti
sing ngandhani batine dioyak-oyak pitakon.
“ Aku iki mantane Jarno!” Kandhane Setiani maneh saya
mandhes.
Pakdhe Karmun tumenga, sajak ngeling-eling banjur
munggut-munggut. Bu Setiani mesem mlengeh, “Eling?!”
Pakdhe Karmun
manthuk. Ing kantore ndhisik pancen ana sing jenenge Jarno, mung seje bageyan.
Jarno kepeksa megat bojone jalaran kepergok kelonan karo nom-noman ning ngarep
omahe. Kabar slenthingan yen bojone kudu ora nggenah iku pancen kerep dirungu,
nanging Jarno durung gelem percaya yen durung weruh kanthi mripate dhewe. Awan
sadurunge tutup kantor, Jarno pamit mulih kanthi pawatan lara weteng. Lan
bojone sing ora nyana yen Jarno mulih luwih esuk, ora bisa suwala maneh. Pasrah
nalika dipegat lan ditundhung. Sepisan maneh Pakdhe Karmun manggut-manggut.
Setiani disawang ora leren-leren. Sing disawang mung klelat-klelet sajak ora
ngawaki.
Wengine Pakdhe
Karmun tansah klimpungan. Getun lan keduwunge ora ilok. Jroning batin nutuh
marang Bu Siti sing sembranan, nanging mbokmenawa wae Bu Siti ora ngerti larah-larahe. Yen ayune, Setiani
iku pancen ayu. Nanging sawise pirang-pirang dina pikirane diunggah lan
diudhunake, Pakdhe Karmun bisa lilih. Kedadeyan sing gawe wirang kuwi wis
mungkur adoh, wis kependhem jero. Setiani wis tuwa, tindak tanduke mesthine wis
ora kaya nalika nom-nomane biyen. Ora grusa-grusumu mung mburu seneng. Saya
tuwa pikirane mesthi saya maceki dalaning uripe sing wis arep surup kuwi.
Mula, nalika Setiani
dijak ketemu maneh, pengarep-arep saya nggrengseng. Apa maneh ing sapatemon
kuwo Setiani ora tedheng aling-aling gelem crita, yen sedulure telu, kabeh wis
dadi uwong, uripe mapan mapan. Sawise dipegat ndhisik, dheweke manggon sak omah
karo wong tuwane wadon. Ngiras ngrumat wong tuwane iku. Saben wulan
sedulur-sedulure mbantu nyambung pangan. Sapucuke kuku ireng wae, dheweke wis
ora mikir omah-omah maneh. Jarene wes kanji. Luwih sreg urip ijen.
“Banjur piye, Jeng?” Pitakone Pakdhe Karmun.
“Apane sing piye?” Setiani genti takon.
“Apa Bu Siti durung crita?”
“Oh,” wangsulane entheng, kaya nyepelekake, njalari
Pakdhe Karmun rada anyel, ning uga saya grengseng. Pakdhe Karmun ngelenggana
yen ngadhepi wong wadon ngono pancen kudu sabar, jalaran apa sing kawetu kuwi,
kala-kala malah kosok-balen karo kekarepane ati sing sabenere.
“Piye?” Pakdhe Karmun ngambali. Setiani guyu mlengeh.
“Kono serius, ta?”
“Serius.”
“Tapi ngene lho. Dinane iki aku kebulet utang sing ora
sethithik,” Setiani wiwit mbukak kertune. Pakdhe Karmun rumangsa miris. “Yen kono
bisa nutup utangku, aku gelem kok rabi!” Bacute Setiani mandhes.
Pakdhe Karmun sakala ceguken, gurung rasane kaya
kesumpet sepet. Nganti sawetara suwene ora kumecap. Getune mencit. Pingirane
luput. Setiani saya katon jerohane kanca urip. Kuwi ora ateges yen Pakdhe Karmun
ngono wong sing mbedhidhil. Sing ora gelem ngenthengake sanggane liyan. Ning
yen durung apa-apa wis sambat kaya ngono kuwi, yen wis kelakon dadi bojo,
mesthi saya ngambra-ambra. Sing teka nagih utang mesthi lunga-teka. Wong wedok
ngono kuwi cetha ora bisa dienggo pedaringan. Kejaba uyen disambati wong tuwa
lara buruh tuku obat, apa kontrakane omah entek, isih bisa ditimbang-timbang
kanthi weninge pikir. Setiani kuwi ora sambat, nanging kena diarani wis
meres,batine grundelan.
“Piye?!” Saiki Setiani sing takon ngangseg.
“Tak pikire dhisik!”
Krungu wangsulane
Pakdhe Karmun kuwi, Setiani nyebek. Ngadeg, terus ngulangi tanpa pamit, “Rayuan
gombal. Dikira wong wedok murahan!” Karo ninggal swara panggrundelan. Tangan
leloro-loroe melbu sak celana.
“Iki mesthi arep nyebar undangan,”
wuwuse Bu Siti
bareng weruh kledhange Pakdhe Karmun jumangkah nyedhak. Sing dipoyoki mesem
kecut.
“Mangga pinarak!” Sumambunge.
“Kriterianipun mboten mbleset,”
Pakdhe
Karmun wiwit kumecap sawise mapan lungguh. Bu Siti karo kakunge
manthuk-manthuk, batine melu seneng.
“Rupi mboten nguciwani...”
“Sokur!”
“Lajeng sing dirantos napa malih?!”
Kakunge
Bu Siti nambong.
Pakdhe Karmun ora enggal kumecap, kejaba mung tumenga,
panyawange angglong. Sejatine rumangsa eman-eman. Ning sing dieman saja ora
kena. Saya tuwa ora bisa ngilang utawa ngurangi sikape sing ngangsa-angsa.
Malah katone saya ndadi.
“Lha
ngrikane kados pundi?” Bu Siti terus mbebeda. Sing dibeda nggresah. Banjur
unjal ambegan. Wusanane Pakdhe Karmun banjur crita, yen sejatine, watara 25
taun kepungkur jalaran sing lanang tau sekantor. Uga wis ngerti wewadine, nanging
ketemune pancen lagi saiki. Lan sing gawe kaget maneh, kok wis wani sambat
njaluk ditutup utange.
Bu Siti ndomblong. Sing lanang ngowoh. Wong loro kuwi
getune ora ilok, samar yen dikira njlomprongake.
“Ngapunten lho pak, kula piyambak tepunge nggih namung
wonten peken,” wuwuse Bu Siti.
“ Ibu mboten lepat. Idhep-idhep nambahi pangalaman.
Lah ngaten ta pak?”
“Lajeng kados pundi?”
“Menawi trima kados ngaten, nggih mboten mawon. Tiyang
estri lak mboten kiyambake thok. Nuruti tiyang kados ngaten niku, mboten golek
tamba, malah golek rekasa!” kandhane Pakdhe Karmun mungkasi lan banjur
pamit mulih. Bu Siti lan kakunge
nguntabake nganti najaban pager. “Ngapunten lho pak. Sampun kapok tindak-tindak
ngriki malih!” sepisan maneh Bu Siti kumecap. Pakdhe Karmun manthuk......!