SURAT KANGGO NINA
Jeno ~
Aku kaget,wektu Nina ngendikan
yen deweke arep budhal menyang Inggris. Ora kaweruh kena apa ati iki rasane kelangan,senajan
ora lila yen Nina budhal,nanging piye maneh deweke budhal kanggo ngenyam pendidikan.
Aku mung bisa pasrah lan menehi dungo supaya Nina apik-apik wae ing perantauan.
Isuk muput aku wes budhal menyang
griyane Nina,amarga aku wes janji yen bakal ngaterake deweke menyang bandara
“Sepurane ya Jeno,aku wes ngrepotake
kowe kaya ngene” ngendikane Nina ingkang nyambut aku ing ngarep omah
“Gakusah ngunu toh Nin,aku iki yo
kanca reket mu kaet cilik nganthi saiki. Dadi ora usah sungkan”
“Suwon bangetloh Jeno” deweke mesem
karo ngepak barang-barang sing kape digawa
“Iya Nina,iki wes rampung kabeh toh.
Yen wes ayo budhal ben ora ketinggalan pesawat”
Sawise ngepak barang lan
midah menyang bagasi aku karo Nina banjur pamit lan budhal menyang bandara
“Ati-ati nduk,ojo lali maem lan nelfon
ibu utawa ayah”
“Enggeh ibu”.
Ing bandara aku lan Nina age-age
melbu lan ngucapno salam perpisahan
“Jen aku titip ibu lan ayah
ya,yen ana apa-apa ojo lali kowe kudu telfon aku”
“kowe ya kudu ati-ati neng kono lan
aja lali njaga kesehatan”
Nina budhal karo mesem,banyu
mata rasane kudu brebes mili ananging aku ora pengen Nina weruh yen aku ngrasa kelangan.
Aku mung bisa natap Nina saka adohan.
Aku lan Nina wes dadi kanca reket
kaet cilik,umurku karo deweke beda 3 tahun. Kaet cilik aku nganggep Nina kaya
adikku dewe kaya dene Dahyun sing adik kandungku. Ananging tambah suwe aku ngrasa
yen aku tresno karo Nina,tapi aku ora gelem yen de’e tambah ngadoh saka aku,aku
ya ora pengen nggawe Nina lara ati gara-gara aku.
Kaet SMA Nina duweni pengarep-arep
yen dewek’e bakal daftar kuliah menyang universitas Inggris. Aku mung nyemangati
dewek’e lamun ora nganggep serius. Jebul lulus aku baru nyadar yen Nina ora guyon
karo pengarepane. Dewek’e daftar beasiswa ing salahsawijine universitas ing Inggris.
~~~
Wes telung tahun kepungkur aku ora
ketemu Nina,aku kepengen nyusulde’e menyang Inggris. Aku wes pamit menyang ibu lan
adikku Dahyun,aku bakal nyatakno tresnoku marang Nina.
Dahyun~
Aku,mas Jeno lan mbak Nina dadi kanca
reket kaet cilik nganthi saiki,malah mas Jeno luweh saying marang mbak Nina
ketimbang aku seng adike dewe. Aku weruh yen mas Jeno wes dewasa,rasa seng di
duweni mas Jeno marang mbak Nina yawes bedo. Mas Jeno lan mbak Nina pada-pada Tresno
nanging ya pada-pada gengsi anggone ngendikan yen tresno. Wes telung tahun anggone
mbak Nina budhal menyang Inggris lan wes seminggu seng wingi mas Jeno pamit kanggo
nyusul,nanging apa sing dikarepe mas Jeno ora bias kawujud.
“bu umpamane mas Jeno nikah karo
mbak Nina piye bu?”pitakonku marang ibu
“ana apa ta,kowe kok takok kaya mengkono”
“ora apa-apa bu,aku kepengen weruh wae napa pendapate ibu”
“ibu jelas setuju toh Hyun,apa maneh Nina iku areke apik lan pinter”
mengkono jelase ibu marang aku
“Kepenak nggeh bu,yen duwem bak kaya dene mbak Nina”
“nanging piye maneh Hyun, Nina pancen duduk jodohe mas mu”
“aku kangen karo Mas bu”
“pada nduk,yawes saiki ayo turu menesok kowe kan kudu sekolah”
“nggeh bu”
Ngunu maeng ngendikanku
karo ibu,rasane yen oleh balen aku ora bakal ngolehi mbak Nina budhal menyang Inggris.
Aku pengen mbak Nina lungguh anteng ing pinggirku,dolan bareng karo aku lan mas
Jeno. Aku pengen bali kaya biyen maneh
Setahun sawise
Dina iki mbak Nina bakal muleh lan nerusake pekerjaane ing Indonesia.
Aku,budhe,pakdhe lan ibu wes tumuju menyang bandara kanggo nyusul mbak Nina.
Sawise ing bandara pesawate mbak Nina tasek mantun mudun,bocah wadon perawakane
putih lan rambut sepundak ingkang disemir pirang mlangkah karo eseman ingkang indah,budhe
karo pakdhe langsung ngrakut mbak Nina,banjor aku lan ibu.
“piye nduk sekolah mu ingkono” pitakone budhe marang mbak Nina
“sae bu,ing mengkono Nina nggada
kanca ingkang apik-apik lan wes kaya keluargane Nina dewe”
“Dahyun,endi toh mas mu Jeno kok
ora melu”
Sawise pitakon saka mbak
Nina kabeh pada meneng lan bingung kudu ngamang apa
“mas Jeno ngenteni sampean mbak”
“kena apa toh kok ora melu,mrene
wae. Jeno yo ora menehi kabar menyang aku sawise telung tahun aku ing Inggris”
“ayo mbak,dibahas engko wae. Mas
Jeno bakal seneng yen bias kepetok sampean”.
Aku lan rombongan ngajak
mbak Nina menyang panggonane mas Jeno ngenteni mbak Nina,sawise ing panggonan mbak
Nina kaget lan ora weruh apa maksudte aku ngajak deeweke mrene.
Panggonan ingkang dadi rumah terakhir katon rapi lan kaya isi anyar iki katon
indah,mbak Nina esek kebingungan karo apa sing tak maksud.
“Hyun iki apa ta maksudte?”
“iya mbak,setahun kepungkur sakdurunge mbak Nina muleh. Mas Jeno arep nyusul
mbak Nina menyang Inggris ananging pesawat ingkang ditumpangi mas Jeno ngalami kecelakaan,
mas Jeno sempet sadar ananging takdir Allah liya mbak,mas Jeno ora bias ketemu mbak
Nina maneh” Krungu mengkono maeng penjelasanku.mbak Nina langsung brebes milih nangisi
mas Jeno.
“mbak iki ana titipan saka mas Jeno” omongku karo ngraga sak jaket seng tak
gawe
“apa ta iki Hyun?” pitakone mbak Nina karo sesenggukan
“aku ora weruh mbak,mas Jeno pengen mbak Nina dewe seng bukak”
Mbak Nina bukak karo ati-ati
isine,saka amplop coklat kuwi. Kalung,surat lan foto,sawise maca surat saka mas
Jeno mbak Nina ngrakut akubanjur nangis sak kenceng-kencenge
“Hyun aku nyesel”
“ana apa ta mbak aku ra ngerti?”
“ing surat iki mas mu ngomong,yen de’e tresno karo aku. Jeno ora pengen aku
sedih,Jeno pengen aku seneng. Nanging aku ora bisa Hyun aku ya tresno marang Jeno,aku
bali mrene amarga aku pengen bareng-bareng karoJeno Hyun”
“mbak seng sabar wae ya mbak,mas Jeno ora bakal seneng ndeleng sampean
kaya ngene”
Sawise ngunu maeng,aku,mbak
Nina lan rombongan tumuju menyang omah. Aku weruh mbak Nina iku bocah seng kuat,aku
ya yakin mbak Nina bias nglalekake mas Jeno kanggo nyambung uripe…..
RAMPUNG
dening :
- Masfufatur Roshida/23
- Reka Oktavia/25
Tidak ada komentar:
Posting Komentar