Sabtu, 26 November 2016

dudha pengen rabi randha



eva widya p / 12 /XII  IPS 3
Febby ingga m.r. / 13 / XII IPS  3

“DHUDHA PENGIN RABI RANDHA”

Anggone ndhudha Pakdhe Karmun pancen wis suwe. Anak papat kabeh wis mentas lan wis duwe omah dhewe-dhewe. Putu gemrayah. Saliyane duwe omah sing dipanggoni, isih duwe telu maneh. Kabeh dikontrakake. Saben wulan nampa pensiun. Yen mung trima disandhang lan dipangan kepara turah-turah. Uripe katon ayem tentrem. Mula, bareng gawe ada-ada kepengin omah-omah maneh, akeh sing kaget, setengahe ora ngandel. Wong wis nyidham trebela,kok ndadak neka-neka. Kok ora setaun utawa rong taun sageblage sing wedok ndhisik.
Nanging ya ana maneh sing ngarani yen kuwi geguyahan lumrah. Isih urip, isih duwe akal. Mripat isih bisa mbedakake sing ayu karo sing setengah ayu, malah karo sing ora ayu babar pisan. Kala-kala isih ngulu idu yen nyawang bokong gedhe. Sikil isih bisa dienggo nepang. Untu isih kuwat dienggo mbukak tutupe botol bir. Ananen ndhudha nganti suwe kuwi menawa wae pancen mbetah-mbetahake ngiras ngeteni anak-anak supaya mentas dhisik.
Pawatane sing arep nglakoni uga tinemu nalar, kepengin duwe rewang grenang-greneng yen tengah wengi. Jalaran nonton televisi ijen terus-terusan wis jeleh. Ngrungokake lagu lan gendhing tanpa ana sing ngancani ya rumangsa wis waleh. Kejaba kuwi uga ana sing mijeti yen sayah, ana sing ngeroki yen semangsa- mangsa masuk angin. Lan ana sing diajak tetimbangan ngudhari ruwete pikiran.
Karo maneh wong wadon sing dikarepake iku dudu sing isih  prawan thir, sing isih kinyis-kinyis. Yen ngono kuwi, pancen bisa diarani ora nyebut. Ora ngilo. Sing digoleki kuwi warandha setengah tuwa, sing ora duwe anak, jalaran yen duwe anak ing tembe malah nuwuhake brahala. Uga ora bakal duwe anak maneh. Mundhak diguyu pitik. Bab bibit bobot, lan bebet,ora dikatut-katutake minangka tetimbangan.
 Bu Siti sing kerep dijak rasan-rasan, banjur kelingan Setiani. Dudu kanca kenthel, mung kenalan biasa sing kala-kala ketemu ing kiose Bu Lastri yen mbarengi nggolek kain. Ngakune warandha, umur ngancik seket siji taun. Ora duwe anak. Mripate blalak-blalak. Dedeg-piadeg lan bobote awak ketoke selaras banget. Jroning batin Bu Siti ngalembana yen Setiani kuwi ayu.
Dilambari gegambaran kaya mengkono kuwi, Pakdhe Karmun banjur klecam-klecem. Ati lanange banjur kumrengseng kepengin adu arep. Rada beda karo Setiani dhewe, bareng dijarwani yen ana dhudha golek randha, dheweke mung mancep,kaya-kaya ora butuh. Nanging bareng digathukake kok malah semrinthil ndhisiki.
Janjine mungkur surup, nanging lagi setengah ebem jebul wis ngonthang-nganthing ing ngarep rumah makan pasaduluran. Lan Bu Siti rada njomblak, weruh Setiani sing babar pisan ora nggambarake marang wanita prasaja, sing umure wis ngantik ndhas lima, dandanane malah ngalah-ngalahi arek enom jaman saiki. Ora kaya Setiani sing ketemu ing pasar kae. Kaose abang biru ngapret, tanpa lengen, malah kepara kaya kemben. Wudel lan lempenge dipamerake. Ngisoran jins biru uga ngapret, dhuwure ngliwati dhengkul. Lambe lan pipine diabang-abang, alise dikerik, diganti potlotan. Tlapukan mripat direnggani krelap-krelip, kaya penyanyi sing arep  manggung. Rambute diumbar pating krembyah.
Geseh adoh karo Pakdhe Karmun sing wis nglenggan yen tuwa lan wis putu-putu. Hem klawu lengen dawa, clana ireng dhongker, sepatu ireng gilap. Rambut senajan wis nyambel wijen katone klimis. 
Sawise wong loro tepungan lan lungguh adhep-adhepan, Bu Siti pamit arep tuku resliting.
 “ Ndhisik kono kepala juru bayar, ta?!” Setiani ndhisik omong. Pakdhe Karmun njola. Lagi ketemu sepisan kok wis wani nungkak krama, kathik swarane banter. Pakdhe Karmun ngrundelan jroning batine.
“Ya ta ?”
“Kok ngerti?”
“Kartune kono wis ana tanganku!” semambune Setiani.
Pakdhe Karmun mecucu sawise unjal ambegan. Apa Bu Siti sing ngandhani batine dioyak-oyak pitakon.
“ Aku iki mantane Jarno!” Kandhane Setiani maneh saya mandhes.
Pakdhe Karmun tumenga, sajak ngeling-eling banjur munggut-munggut. Bu Setiani mesem mlengeh, “Eling?!”
 Pakdhe Karmun manthuk. Ing kantore ndhisik pancen ana sing jenenge Jarno, mung seje bageyan. Jarno kepeksa megat bojone jalaran kepergok kelonan karo nom-noman ning ngarep omahe. Kabar slenthingan yen bojone kudu ora nggenah iku pancen kerep dirungu, nanging Jarno durung gelem percaya yen durung weruh kanthi mripate dhewe. Awan sadurunge tutup kantor, Jarno pamit mulih kanthi pawatan lara weteng. Lan bojone sing ora nyana yen Jarno mulih luwih esuk, ora bisa suwala maneh. Pasrah nalika dipegat lan ditundhung. Sepisan maneh Pakdhe Karmun manggut-manggut. Setiani disawang ora leren-leren. Sing disawang mung klelat-klelet sajak ora ngawaki.
 Wengine Pakdhe Karmun tansah klimpungan. Getun lan keduwunge ora ilok. Jroning batin nutuh marang Bu Siti sing sembranan, nanging mbokmenawa wae Bu Siti  ora ngerti larah-larahe. Yen ayune, Setiani iku pancen ayu. Nanging sawise pirang-pirang dina pikirane diunggah lan diudhunake, Pakdhe Karmun bisa lilih. Kedadeyan sing gawe wirang kuwi wis mungkur adoh, wis kependhem jero. Setiani wis tuwa, tindak tanduke mesthine wis ora kaya nalika nom-nomane biyen. Ora grusa-grusumu mung mburu seneng. Saya tuwa pikirane mesthi saya maceki dalaning uripe sing wis arep surup kuwi.
 Mula, nalika Setiani dijak ketemu maneh, pengarep-arep saya nggrengseng. Apa maneh ing sapatemon kuwo Setiani ora tedheng aling-aling gelem crita, yen sedulure telu, kabeh wis dadi uwong, uripe mapan mapan. Sawise dipegat ndhisik, dheweke manggon sak omah karo wong tuwane wadon. Ngiras ngrumat wong tuwane iku. Saben wulan sedulur-sedulure mbantu nyambung pangan. Sapucuke kuku ireng wae, dheweke wis ora mikir omah-omah maneh. Jarene wes kanji. Luwih sreg urip ijen.
“Banjur piye, Jeng?” Pitakone Pakdhe Karmun.
“Apane sing piye?” Setiani genti takon.
“Apa Bu Siti durung crita?”
“Oh,” wangsulane entheng, kaya nyepelekake, njalari Pakdhe Karmun rada anyel, ning uga saya grengseng. Pakdhe Karmun ngelenggana yen ngadhepi wong wadon ngono pancen kudu sabar, jalaran apa sing kawetu kuwi, kala-kala malah kosok-balen karo kekarepane ati sing sabenere.
“Piye?” Pakdhe Karmun ngambali. Setiani guyu mlengeh.
“Kono serius, ta?”
“Serius.”
“Tapi ngene lho. Dinane iki aku kebulet utang sing ora sethithik,” Setiani wiwit mbukak kertune. Pakdhe Karmun rumangsa miris. “Yen kono bisa nutup utangku, aku gelem kok rabi!” Bacute Setiani mandhes.
Pakdhe Karmun sakala ceguken, gurung rasane kaya kesumpet sepet. Nganti sawetara suwene ora kumecap. Getune mencit. Pingirane luput. Setiani saya katon jerohane kanca urip. Kuwi ora ateges yen Pakdhe Karmun ngono wong sing mbedhidhil. Sing ora gelem ngenthengake sanggane liyan. Ning yen durung apa-apa wis sambat kaya ngono kuwi, yen wis kelakon dadi bojo, mesthi saya ngambra-ambra. Sing teka nagih utang mesthi lunga-teka. Wong wedok ngono kuwi cetha ora bisa dienggo pedaringan. Kejaba uyen disambati wong tuwa lara buruh tuku obat, apa kontrakane omah entek, isih bisa ditimbang-timbang kanthi weninge pikir. Setiani kuwi ora sambat, nanging kena diarani wis meres,batine grundelan.
“Piye?!” Saiki Setiani sing takon ngangseg.
“Tak pikire dhisik!”
 Krungu wangsulane Pakdhe Karmun kuwi, Setiani nyebek. Ngadeg, terus ngulangi tanpa pamit, “Rayuan gombal. Dikira wong wedok murahan!” Karo ninggal swara panggrundelan. Tangan leloro-loroe melbu sak celana.
“Iki mesthi arep nyebar undangan,”
 wuwuse Bu Siti bareng weruh kledhange Pakdhe Karmun jumangkah nyedhak. Sing dipoyoki mesem kecut.
“Mangga pinarak!” Sumambunge.
“Kriterianipun mboten mbleset,”
Pakdhe Karmun wiwit kumecap sawise mapan lungguh. Bu Siti karo kakunge manthuk-manthuk, batine melu seneng.
“Rupi mboten nguciwani...”
“Sokur!”
“Lajeng sing dirantos napa malih?!”
Kakunge Bu Siti nambong.
Pakdhe Karmun ora enggal kumecap, kejaba mung tumenga, panyawange angglong. Sejatine rumangsa eman-eman. Ning sing dieman saja ora kena. Saya tuwa ora bisa ngilang utawa ngurangi sikape sing ngangsa-angsa. Malah katone saya ndadi.
“Lha ngrikane kados pundi?” Bu Siti terus mbebeda. Sing dibeda nggresah. Banjur unjal ambegan. Wusanane Pakdhe Karmun banjur crita, yen sejatine, watara 25 taun kepungkur jalaran sing lanang tau sekantor. Uga wis ngerti wewadine, nanging ketemune pancen lagi saiki. Lan sing gawe kaget maneh, kok wis wani sambat njaluk ditutup utange.
Bu Siti ndomblong. Sing lanang ngowoh. Wong loro kuwi getune ora ilok, samar yen dikira njlomprongake.
“Ngapunten lho pak, kula piyambak tepunge nggih namung wonten peken,” wuwuse Bu Siti.
“ Ibu mboten lepat. Idhep-idhep nambahi pangalaman. Lah ngaten ta pak?”
“Lajeng kados pundi?”
“Menawi trima kados ngaten, nggih mboten mawon. Tiyang estri lak mboten kiyambake thok. Nuruti tiyang kados ngaten niku, mboten golek tamba, malah golek rekasa!” kandhane Pakdhe Karmun mungkasi lan banjur pamit  mulih. Bu Siti lan kakunge nguntabake nganti najaban pager. “Ngapunten lho pak. Sampun kapok tindak-tindak ngriki malih!” sepisan maneh Bu Siti kumecap. Pakdhe Karmun manthuk......!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar