Sabtu, 10 Desember 2016

Liburan menyang Bali

Liburan ke Bali

Prei dowo juk plesir ning Bali pancen jos. Budal numpak motor mabur blas ra kroso. Ujug-ujug uwes tekan Ngurah Rai juk langsung ning hotel. Iki pengalaman ku pas prei semesteran wingi dulan ning Bali karo bapak ibu. Yen aku ning Bali, juk kowe nandi?Seneng banget atiku pas bapak ngendika yen rep ngajak sekeluarga plesiran ning Bali. Numpak motor mabur pisan. Kapan meneh iki iso ning Bali mabur. Koyone, bapak lagi oleh rejeki mendadak. Ora ono udan karo gledek kok ujuk-ujuk ngejakning Bali.Aku ra takon langsung angguk angguk wae. Sing penting iso dulanning gone turis. Bali pancen terkenal ning mancanegara. Akeh turis asing sing dolan mrono nganti berminggu-minggu malah iso uga sasenan. Mboh duite akeh yakke kok ning Bali nganti tahunan.Budal numpak Air Asia jam 8 isuk, eh jam 9 punjul titik wes tekan Bandara Ngurai Rai. Aku mangkatsoko Bandara Adi Sucipto Jogja. Mendarat ning bandara langsung merapat ning hotel. Mangan juk adus meneh mergo sumuk, juk mlaku-mlaku ning sepanjang dalan Legian.Kesel tapi puas. Juk iku langsung ning Kuta. Nonton pantai apik banget nganti srengene amblas ning kulon. Oh koyo ngene tho Bali iki. Aku ndeso tenan cen iki emangkepisan aku lungo ning Bali. Mugo mugo wae bapak oleh rejeki neh sing akeh men iso diajak plesiran ning kene neh. Amin.




1. Djanuar S / XII IPS 3
2. Wijianto / 30

Tidak ada komentar:

Posting Komentar