Puasa Hari Pertama
Poso dino kepisan emang abot. Wetengku kluruk luwe banget. Tapiaku kudu iso nahan nganti mahgrib. Mergo, iki sasi ramadhan, cuma setahun pisan, aku ra pengen nganti posoku bolong-bolong. Taun wingi posoku akeh bolonge. Mosok taun iki tambah akeh. Wegah.Aku duwe cara pie carane men posoku ora bolong bolong. Pertama, aku kudu sahur. Iki wajib. Yen ora sahur, awan opo menjelang sore kae aku mesti lemes. Kedua, ojo kakean turu. Yen turu terus malah tambah lemes. Kudu obah kudu duwe aktivitas men lali yen poso.Nanging, obahe sing positif ojo malah dae duso. Opo wae keno asal iku obah sing iso nambah pahala. Paling enak yo ning mesjid wae karo ngenteni jam buko. Tambah ilmu tambah kanca plus oleh madang gratis. Jos ora iku. Delalahe ana mesjid sing cedak karo omahku. Cocok!Dino pertama puasa alhamdulillah iso tak lewati lancar ora ono hambatan. Aku seneng banget pas krungu adzan mahgrib. Nah iki sing tak tunggu-tunggu. Tapi bukan berarti juk madang karo ngumbe ngamuk. Tetep dijogo sewajare. Biasane aku seh yen madang tenanan malah bar tarawih.Nah iku pengalaman ku pas posi dino pertama. Dino dino selanjute yo raono masalah mergo aku wes due trik ke. Mugo wae poso 30 dino aku iso lancar tanpa hambatan berarti. Juk pas hari kemenangan aku oleh hidayah soko gusti Allah.
1. Dedi D.S / XII IPS 3
2. A.Muslim / 02
Tidak ada komentar:
Posting Komentar