Sabtu, 10 Desember 2016

Liburan menyang Malioboro

Liburan ke Malioboro 

Prei semester wingi aku kaliyan sekeluarga plesiran ning Yogyakarta. Propinsi istimewa iki duwe akeh obyek wisata sing apik banget. Mulai soko obyek laut, gunung, sejarah, candi, lan pirang-pirang liane. Pas prei semesteran iku, aku dulan ning Malioboro.Budal numpak Pramex, aku, ibu, bapak, mas, karo mbak mudun ning Stasiun Tugu mangkat soko Balapan, Solo. Lumayan cepet numpak sepur Joga Solo mung mangan waktu sak jam. Ora kroso reti-reti wes tekan Yogya. Soko Stasiun Tugu gari mlaku ngetan sitik juk ngidul uwes tekan Malioboro.Sepanjang dalan Malioboro akeh banget bakul kaki lima. Para bakulsing dodolan iku jajakke beragam produk mulai kerjainan, sandangan, nganti panganan. Aku bingung ameh pilih sing ndi tur regane murah-murah bingit. Sopo seng ora kepengen tuku.Bapak tuku sandal, ibu tuku daster, mbak tuku kaos, mas tuku sabuk. La aku tuku opo? Iku sing ning sirahku mikir ora uwes-uwes. Mlenga mlengo akhire aku milih tuku sandal wae. Itung-itung sandalku wes ameh jebat mumpung regane murah tur iso dinyang tak sikat wae.Sandale regane 40 ewu tapi iso tak nyang 15 ewu. Murah tenan tur iki asli made in Jogja hahaha. Ora kroso waktune wes ameh sore juk aku kaliyan sekeluarga bubaran lan mlakuneh neh Stasiun Tugu. Terus tuku tiket lan balik ning Solo maneh. Seneng tenan dino iku.Meski mung sidono ora utuh mergo aku mangkate wes rodo awan, aku seneng banget. Sak ora orane balikSolo wes gowo oleh-oleh. Bakpia, gethuk, gudeg, dan lain lain sing ameh tak caoske simbah. Mayan oleh gratis sandal lan panganan plus jalan-jalan ke kota pelajar.



1. Khasa Dian P/21
2. Yahdi K.R / 31

Tidak ada komentar:

Posting Komentar